Selasa, 18 Maret 2025

Serial Glembo: Kaji Dulmin Pengen Gawe Pesbuk

Serial Glembo: Kaji Dulmin Pengen Gawe Pesbuk

RAGAM
2 Januari 2013, 18:41 WIB
Cuplik.Com - Manjing taun 2013, Pilkadem alias Pemilian Kepala Demang saya suwe saya parek, Kaji Dulmin sawijining calon demang, rupane mulai jor-joran atur strategi, pirang-pirang cara kumplit-plit pepek-rimeng kabeh di lakoni.. awit marani dukun tengah ngalas, nyepi ning sor wiwitan weringin, puasa mutih pati-geni, tekan ngojok-ojoki bangsa wong barisan tandur, barisan wong ngojeg, ngojeg motor, ngojeg sepede, ngojeg beca, tekan ngojeg payung.. tapi bawarasane kosi kurang kumplit, Kaji Dulmin putar otak.. kaligane dasar cerdas, ning bayangane langsung metu ide: "CLING !", luru dukungan sing "ingtrenet"..

Nanging sayang Kaji Dulmin uwonge Gaptek (sampeyan weruh Gaptek..? Gaptek iku Gagap Teknologi, beli becus werkara ingtrenet, dadi dudu nanggap Ketek..), nyadar diri beli ngarti babak ingtrenet, Kaji Dulmin takon ning tangan kanane sing aran Lurah Debleng:

Kaji Dulmin : "Bleng-Debleng lurah gebleg, menea.. reang arep takon.."
Debleng : "waduh wa kaji, kosi banget temen dika kuh, ngundang reang lurah gebleg.. yen reang sing dadi anak buah gebleg, berarti sampeyane sing dadi pingpinane gah angot gebleg-e, ana apa Ji..?"

Kaji Dulmin : "reang arep takon, sing bisa gawe PESBUK kuh sapa, Bleng..? demi pencalonan reang, jeh jare mah, bisa luru pendukung nganggo ingtrenet PESBUK.."

Debleng : "ooo, iya iya iya.. bener Ji, mudu mangpaat aken jagat ingtrenet, yen beli salah, Clangab duwe komputer, pasti duwe PESBUK.."

Kaji Dulmin : "Clangab anakan Ki Dulkamid tukang mlatoki kayu..? Clangab bocah karwek genk Cacamarica anak buahe Glembo..?"

Debleng : "bener pisan Ji, sampeyan pancen leres.."
Kaji Dulmin : "yawis, ayuh meng Gardu Cicitcuwit, pasti bocahe ana ning kana.."

Kaji Dulmin lan Lurah Debleng langsung tinuju gardu, numpak pit jawa, debleng nyetir, kaji dulmin bonceng, maklum pingpinan, mangsa toli nyetir dewek.. pit jawa gebag-gebog, ning prapatan arep nabrak wong dagang kacang tapi beli kena, toli lurus terus nanjak tanggul kali bangkir, wayah nanjak beli kuat, wong loro tiba gempulingan, nggelundung meng ngisor nyangkrog ning kebon gedang caimuli, tangi maning, numpak maning, jos terus liwat tanggul, ning duwur tanggul papagan karo wong angon wedus, wong angon bebek, wong ngarit, wong mancing, wong njala, wong demenan ning tanggul, wong ngising, wong buang runtah, pokoke macem-macem..

Gardu cicitcuwit sing di maksud wis katon, kesawang geng cacamarica ngumpul kumplit, ninggang apa mobil bis nge-tem mah penumpang wis kebek, kari mangkate bae tinuju kuta jekrarta..

Tekan ngarep gardu pit langsung nge-rem, settt langsung mandeg, maklum rem cakram, pakem ampir pada karo rem MotoJipi deke Plentino Rossi lan Orgeh Lorenjo, mung bedane pit deke aji dulmin, nggo rem cakram padal bekas sigaran sendal sing di pasang ning duwur ban pit.. yen nge-rem, kari di padal bae sendale..

Kaji Dulmin : "waduh, kaberan Ngab, sira ana ning kene, reang arep jaluk tulung.."

Clangab : "tulung apa ji.. ya mene jaluk tulung mah, udud sewungkus dikit nggo barengan, wong arep nyalon demang mah akeh orang udude kuh..?"

Kaji Dulmin : "beres ngab, aja maning sewungkus, se-slop tek tuku aken nggo sira, sing penting reang gaweaken PESBUK demi menyukseskan reang dadi demang.. mana bleng-Debleng, tuku udud samsuhh se-slop, nah duwite 200 ewu, baka masih ana susuk, tuku srabi bae ning mbok Warningkem ning pucuk desa.. mana.."

Glembo : "waduh beres maning bae ya, percaya reang mah, kaji dulmin sugih duit.."

Clangab : "dadi sampeyan pengen di gawe aken PESBUK Ji..? gampang ji, sing penting mene persyaratane, mudu kumplit"

Kaji dulmin : "ana persyaratane keding konon..? kaya arep ndaptar tentara bae mdu ana persyaratane.. apa bae persaratane..? tek kumpliti mangsa wurunga.. aja klalen sira kabeh dukung reang dadi demang.."

Clangab : "persyaratan gawe pesbuk iku ruwed Ji.. bagen..?"

Kaji Dulmin : "wis niat kepalang reang maju nalon demang, ibarat lagu tarling pindang urang, maju tanggung mundur wirang, reang siap, gage ngemenga apa persyaratane gawe pesbuk.."

Clangab : "heh Glembo.. upahana weruh Kaji Dulmin syarat gawe pesbuk ikuh.. sira weruh orah kanah.. ikah si Lurah Debleng wis teka gawa udud karo srabi, reang pengen ngudud dikit.."

Kaji Dulmin : "gage ngomonga bo, supaya di catet ning debleng, supaya ora klalen.."

Glembo : "CATET BLENG DEBLENG !"
Debleng : "SIAP BO GLEMBO !"

Glembo : "POTO KOPI KATEPE SEPULUH LEMBAR LEGALISIR CAMAT, POTO KOPI KAKA SEPULUH LEMBAR LEGALISIR WKIL CAMAT, POTO KOPI ESKACEKA SEPULUH LEMBAR LEGALISIR KAPOLRES, POTO KOPI AKTE KELAHIRAN SEPULUH LEMBAR LEGALISIR KEPALA KANTOR SIPIL, POTO KOPI SURAT KAWIN SEPULH LEMBAR LEGALISIR KA-U-A, POTO KOPI SURAT SAWAH SEPULUH LEMBAR LEGALISIR RAKSA BUMI, POTO KOPI AKTE TANAH SEPULUH LEMBAR LEGALISIR SEKDES, TAMBH MANING SURAT LAMARAN GAWE PESBUK AJA KLALEN TEMPELI MATERAI 6000.. SURAT LAMARANE SIJI, TAPI DI TEMPELI MATERAI LIMALAS LEMBAR.. WIS !"

Kaji Dulmin mblanga bae weruh persyaratane: "biang, temenan temen persyaratane, kosi rembel, angel-e ngeluwih-ngeluwihi wong arep pegatan !"

Clangab : "pengen duwe pesbuk beliiiii..?"

Kaji Dulmin : "YAWIS SIAPPP.. NYAH UDUDE, KO SUKIKI REANG NGURUS LEGALISIR, SING PENTING REANG DUWE PESBUK, AJA KLALEN.. COBLOS NOMER RONGATUS SELIKUR GAMBARE REANG !!!!!!

Penulis adalah Admin Fanpage Indramayu Kota Mangga

 


Penulis : Dewo
Editor : Dewo

Tag :

CURHAT RAKYAT

Ikan gurame terbesar sedunia di Bandung

Ikan gurame ini saya pelihara dari seukuran silet hingga besar seperti ini dalam waktu 5 tahun. Ikan gurame ini jenis bastar & berkelamin betina.

Kemenparekraf Gandeng Merry Riana Group Tingkatkan

Kementerian Pariwisata dan Ekonomi Kreatif (Kemenparekraf) kembali menjalin kerja sama dengan Merry Riana Group dalam upaya meningkatkan kapasitas sumber daya manusia (SDM) ekonomi kreatif. Kolaborasi ini bermula dari kunjungan Menteri Pariwisata dan E

Workshop Gerabah Sitiwinangun Kabupaten Cirebon

Sitiwinangun adalah nama sebuah Desa yang terletak di Kecamatan Jamblang, Kabupaten Cirebon. Desa ini sudah lama dikenal sebagai pusat kerajinan gerabah terbesar dan masih bertahan di wilayah Kabupaten Cirebon. Dapat dikatakan kerajinan gerabah Sitiwi

TERBARU LAINNYA

IKLAN BARIS

Jasa Foto / Video Wedding dan Prewedding, Live Streaming Indramayu dan sekitarnya, Harga Terjangkau Kualitas Cemerlang. Cuplik Production WA 081312829503
Hadir FRENDOT jasa pembuatan stiker, kalender, plakat, cetak ID card dan banyak lainnya lokasi depan RS MM Indramayu
Ruqyah Islami wilayah Indramayu dan sekitarnya, Hub Ustadz ARI wa 0877-2411-1128
layanan terapi hati ,kesembuhan luka batin,fobia,anxiety ,cemas, hidup sial,tak bahagia ,rezeki seret,psikomatik dan semua yang urusan pikiran ,bisa konsultasi wa 0813 5227 9928 /bang rudy insyaalllah
Bakso Goyang Lidah depan Gardu Induk Singajaya, menggoda selera. Kualitas Daging Sapi terjamin.