Lurah Debleng : "Gla-Pagla, dipikir-pikir, reang kih repot temen ya, dibayar beli, tapi di kongkon mudu masangi Pamplet karo Spanduk pencalonan Kaji Dulmin sedalan-dalan, sampe tekang tiba tangi sebab wayah manek tiang tilpon masang spanduk, anda-ne di padal ning wong edan.. mangsa toli reang arep gulet karo wong edan..? mantak pada bae edane.."
Ulis Pagla : "wis aja nggelendeng bae, ayuh di pragataken pasang spanduke, mana meng arah wetan, sisan karo midang ning umahe nok Carwiti, rangda anyaran bakul sega lengkoh, sing di demeni Glembo karo Clangab.. sisan di gawa spanduke.."
Kerungu ana rangda, Lurah Debleng dadi rikat, perkakas diringkesi, toli tinuju ngetan, masangi spanduk sedalan-dalan.. tekang ngarepan warunge Carwiti.
Ulis Pagla : "nok, sega lengkoh di upai semur jengkol ya.."
Lurah Debleng : "kita kopi pait nok.. aja manis-manis, mantakan mengko kitane demen ning pelayane, nok Carwiti sing jeh, jare Glembo mah, denok demplon kesawang menges-menges.."
Carwiti : "dih gah, Kang Lurah Debleng mah ganjen, sing eling ning rabi dewek gah kang.. semono ayune gah.."
Lurah Debleng : "iya bengen mah ayu, bareng sekiyen, barang nganggo Pil KABE, awake megar kaya baskom, yen sedina beli diupai duit blanja, cangkeme mangap, yen wis mangap, jengkok ning pawon bisa di leg.. manjing cangkem.."
Ulis Pagla : "pada bae rabi reang gah, lemu, kakeyan mangan pelem Cengkir, pelem siji bisa di leg bari angob tangpa di oceki maning.. saking lemune, bongkot karo pucuk beli bisa di beda aken.. kosi banget.."
Lurah Debleng : "tapi bareng nyawang nok Carwiti, jagat katone padang jelindang, beli ruwed.."
Ulis Pagla : "bener, nyawang pipine nok Carwiti, ibarate mangan grejeg Urang, rasane kriyuk-kriyuk.."
Carwiti dadi serba salah, meneng bae, ngadeg bae, raine ndungkluk, sebab weruh, ning lawang warung ana wong wadon loro ngadeg karo malangkerik, Yu Darkisem karo Yu Wartinih sing keceluk aran Cipluk, lemu-lemu, kaya Kebo sing arep di jeragal ning dina Raya Agung..
kaligane bae:
"BRUAKKK..", pago warung sing nggo dodok lurah debleng karo Ulis Pagla di jungjung toli di bantingaken tekang kejengkang tiba bareng.. toli kerungu suara kaya gledeg.. "DEBLENG, DADI KITA KUH BELI KRIYUK-KRIYUK.. KALESAN WONG LANANG MATA PEDA, DELENG RANGDA DADI SULAYA.."
Sijine ganti ngomong:
"PADA BAE KIYEN GAH, NGOMONG PASANG SPANDUK, BARENG DI KINTILI, BELI WERUH NGERINDIK RANGDA, BALIK BELI KUNUH, PENGEN DI GEJOG GULUNE SISAN, KIH SPANDUKE KAJI DULMINE, DINGGO TUNGKRUB RAI !?!"
"KRUBBB..", spanduk kaji dulmin di tungkrubaken ning rai.. spanduk tulisan: "COBLOS NOMER RONGATUS ROLAS.. DULMIN BERLIAN"