Dodok nongkrong sikil-e melangkring, tangane bari kekili kuping nggo wulu ayam, endase manggut-manggut, bokonge jengat-jengit melu alunan lagu, sarung-e di blengkeraken muter ning gulu, pikirane kebayang rangda angetan nembe patang wulan, sing lakine mati kenang penyakit TBC, arane Carwiti anakan bapa Walidi tukang supir mobil balikan TEKAKI.. (weruh TEKAKI? sing pada mangkat ngarab, Taiwan, Malesiya, Jordan lan ngendi-ngendi ora kah, arane TEKAKI).
Pucuk dicinta ulam pun mbluruk.. perjuangan es-em-es es-em-esane bli gagal, atur jangji ketemu awit telulas dina kepungkur, sekiyen siap-siap beraksi, jareng basane wong enom, tanggal patbelas Pebuari iku dina PLENTIN DEY. Rencana wis mateng, wis tuku coklat, kembang gula lilit, lan kado Cepet jepit rambut, di wungkus rapih nggo kertas koran sing ana tulisan berita: "Petinggi Partai Korupsi Daging Sapi, digerebek KPK di dalam hotel bersama Mahasiswi"
"KRIRIIING !", hape jadul karetan deke Glembo muni, dibuka lan diwaca, tulisane mengkenen jeh: "kang Glembo, sida beli, jare PALENTINANE ngejak numpak BAS WEI, ana tah BAS WEI ning Dermayu kuh, kaya kuta Jekrarta bae ana BAS WEI..?".
langsung di wales ning Glembo: "sida nok wong ayu sing ayune selangit pitu, mengko adus dikit ya, toli jalan-jalan numpak BAS WEI Dermayu.."
Pragat adus, langsung metu pinjungan anduk manjing kamer, anduk di uculi, dadi wuda, entas wuda, nganggo celana katok, lanjut celana dawa, nganggo benting ula pucuk, terakir nganggo kaos sing ana tulisane: "PANITIA HAJAT KHITAN --> ANANDA OVIAN EKA PRATAMA bin SARMITA".
Entas dangdan, toli surian, entas surian langsung oles minyak nyong-nyong cap Iwak Duyung, awit tangan sikil, kuping, gulu, dada, kabeh di oles tangpa keliwat.. (supaya wangi beli gah cah?).
Carwiti bocah blok Dongkal, Glembo umahe Sindangkerta, dadi supaya adil mana-mene, dadi ketemu ning pos ojeg sing arep nanjak jembatan Bangkir.. KETEMU !
Cahya matane carwiti gawe atine glembo trataban "sar-ser-sar-ser" kaya numpak orsel ombak banyu sing ngewulak-ngewalik munggah-mudun muter-muter ning pasar malem.. uga Carwiti, nyawang Glembo sing awake mambu wangi, gawe atine Carwiti dadi murag.. murag mbluruk kaya jambu Aer cangkokan di rog wiwitane.
Keloroane ngadang mobil, toli nungpak mobil "elep" tinuju Celeng, sing Celeng nungpak Kopayu tinuju terminal Jatibarang, ora klalen munggah mudun mobil karo gandengan tangan, maklum pada demene, pada-pada statuse, duda lan rangda tangpa anak, sing saling jatuh cinta ning dina PLENTIN DEI.
Tekan terminal Jatibarang toli mudun, melaku nyeluduk jembatan dalan sepur arah simpang lima.. nungpak maning angkot werna biru, setengah jam lawase nge-tem ning sor wiwitan Baujan, mobile mangkat, jare kenek: "TARRRIK PIIR !"
Ning jero angkot, carwiti celingak-celinguk rada bingung, arep takon ora enak, tapi tangan masih pada pating kruwel dadi siji, tapi saya suwe saya penasaran, jare numpak BAS WEI, tapi nangapa dadi numpak elep, kopayu, terakir numpak angkot..? Carwiti tambah penasaran, dadi maksa takon..
Carwiti: "kang Glembo, jare nungpak BAS WEI sing kaya ning Jekrarta, endi BAS WEI-ne..?"
Glembo sing lagi lende-lende ning kursi jok mburi, karo matane nyawang dalan sing kaca guri mobil, nguculaken kruwelan tangane, ganti ngerangkul mesra karo ngelus-elus rambut ning duwur kupinge Carwiti, karo ngomong alon-alon mesra:
"Carwiti sayang, ya angkot kiyen, sing lagi ditumpaki, arane BAS WEI Dermayu, kaah delengen dalane, sesigar aspal, sesigar cor-coran, dalan wernane sejen, pada bae kaya dalan BAS WEI Jekrarta, sing ning tipi-tipi kaahh, iya orah, sayangku..?"
Dijawab Carwiti: "mbuh gah.. BAS WEI entut !"
Tangpa di nyana tangpa di rasa.. iku BAS WEI kaligane dadakan gebog kiri, gebog kanan, gebog kiri maning, goyang kiri, goyang kanan maning, sing gurian kesawang supir rada kagok putar-puter setir ngindari dalan bolong.. awake carwiti lan glembo uga penumpang sejen dadi mulak-malik..
Toli.. "DHUAKKK !", mobil ngantem jeglongan dalan, dua sejoli Glembo lan Carwiti sing lagi memadu kasih, loro-loroane bokonge mumbul kenang saking santere ban njeblos ning dalan bolong..
"BLEDUGG !", endas di adu kaya bandot, "JRETT !", bokong tiba meng kursi maning.. mobil nge-rem dadakan "SETT !", awake penumpang dadi brudugan kedorong maju, "GLOMBRANGG !".
Apes, nasib sial nungpak BAS WEI, Glembo ngglundung ngajar panci gede wadah pindang.. ati dugal, mengkel, mungkes, tapi arep nyewot ya nyewot ning sapa, lambene mencu, toli cangkeme mbledug..
"Kayang kenen temen sing arane nungpak BAS WEI, awit unyeng-unyeng endas tekan boyok tekan silit brutu.. LARA KABEH !"
Penulis merupakan Admin dari Fanpage Indramayu Kota Mangga (IKM)